Jumat, 25 Mei 2012

Basa Jawa Parikan


PARIKAN
Parikan yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.
NO
PARIKAN

SUMBER

1.
Parikan (4 wanda + 4 wanda)
Tuladha :
1.        Pitik blorok, manak siji
      Jare kapok, malah ndadi
2.        Wajik klithik, gula Jawa.
 Luwih becik, sing  prasaja.
3.        Nyangking ember, kiwa tengen.
 Lungguh jejer, tamba kangen.
4.         Plesir sore, dina ahad.
Naksir kowe, kakeyan ragat.
5.         Plesir sore, dina minggu.
Naksir kowe ora kewetu.
6.        Pitik walik, jambu wulung.
 Dilirik, wadul mring kakung
7.        Manuk emprit nucuk pari,
Dadi murid sing taberi.
8.        Wédang bubuk, gula jawa.
Yèn kepethuk ati lega.
9.        Wajik klethik gula abang.
Aja suthik, yèn tumandang.
10.     Nang jeruk, jambu nanas.
Rada watuk, ngelu panas.
11.     Wedang bubuk, tanpa gula.
Aja ngamuk, enggal tuwa.
12.     Pak sopir montore sedhan,
Dipikir kaya wong edan.
13.     Ana brambang sasèn lima,
Berjuang labuh Negara.
14.     Kutha Kendal kali wungu.
Ajar kenal karo aku.
15.     Manuk emprit nucuk pari,
Dadi murid sing taberi.




Internet
2.
Parikan (4 wanda + 6 wanda)
Tuladha :
1.        Bisa nggender, ora bisa ndemung.
Bisa jejer, ora bisa nembung.
2.        Bisa nggambang, ora bisa nyuling.
Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
3.        Manuk emprit, menclok godhong tebu.
 Dadi murid, sing sregep sinau.
4.        Manuk emprit, ménclok godhong tebu.
Dadi murid, sing sregep sinau.
5.        Lunga Bengkulu tuku perkutut
sing ngati-ati dalané gawat.
6.        Karo kancané kudu sing rukun
aja tukaran drengki lan kasud.

Internet
3.
Parikan (3 wanda + 5 wanda)
Tuladha :
1.        Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – wis.
2.        Sirahe, dianguk -  anguk. senenge, yen wis kepethuk.

Intenet
4.
Parikan (4 wanda + 8 wanda)
Tuladha :
1.        Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
 Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
2.        Kembang menur, sinebar den awur – awur.
Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
3.        Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong.
Yen wis condhong, tindakena gotong royong.
4.        Tawon madu, ngisep sari kembang jambu. 
Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.
5.        Kembang aren, sumber tepining kalen.
Aja dahwen, yen kowe pepengen kajen.
6.        Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur.
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur.
7.        Kembang menur, den sebar den awur-awur.
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur

Internet
5.
Parikan (8 wanda + 8 wanda)
Tuladha :
1.        Gawe cao nangka sabrang,
 kurang sirup luwih banyu.
Aja awatak gumampang,
den sengkud nggregut  sinau.
2.        Jangan kacang winor kara,
kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra siswa,
 aja wedi ing rekasa.
kayu urip ora ngepang,
 ijo-ijo godhong jati.
Uwong urip ora gampang,
mula padha ngati-ati.
Gawe cao nangka sabrang,
3.        kurang setrup luwih banyu.
Aja awatak gumampang,
ingatase calon guru.
Sega punar lawuh empal,
segane pengenten anyar.
4.        Dadi murid aja nakal, 
kudu ulah ati sabar
Jangan kacang jangan kara,
kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring muda,
aja wedi ing rekasa.
5.        Bibi Surip tuku klobot,
pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancèn abot,
mula becik ngati-ati

Internet

6 komentar: