Jumat, 25 Mei 2012

Dongeng Jawa Kodhok Kang Kumlungkung


DONGENG
Kodhok Kang Kumlungkung
A
na sawijining kodhok kang duwe watak kumlungkung. Sing diarani kumlungkung iku watak kang gumendhe, ora ngajeni marang sapepadhane kodhok, rumangsa pinter dhewe, apik dhewe, ora ana sing bias ngalahake. Mula tumindake tansan nyepelekake kodhok liyane. Dilalah kodhok mau pancen bagus rupane, mripate bunder, lan yen mbeneri ndhodhok, kodhok mau katon gagah lan nggantheng tenan. Luwih-luwih yen mbeneri mlumpat…beeeeer…tibane bias adoh tenan. Bab iki saya nambahi kumlungkunge.
Yen digagas pancen bener tenan. Kodhok mau anake, bisa nggolekake lumut nganti akeh. Sejene iku wong tuwane kodhok uga sregep nglatih olahraga ing saben dinane. Mula ora nggumunake yen anake dadi kodhok kang waras, nggenthileng lan nyenengake. Mung emane, marga saka tresnane, kabeh panjalaluke anake mesthi dituruti. Entek-entekane anak kodhok (precil) mau dadi duwe sipat kumlungkung, ngendir-endirake, kemlinthi, anane mung nyepelekake kodhok kanca-kancane. Sipat kang kumlungkung mau, matrakake didohi dening kodhok liyane.
Dina kuwi lagi jam papat esuk. Dadi kabeh isih katon peteng. Kodhok sing kumlungkung mau wis metu saka ronge saperlu arep dolan. Saben mencolot, mesti karo lingak-linguk sajak ngewak-ewakake. Gandhang isih peteng , mula nggone mencolot nibani bathok bolu kang gemlethak ana suketan. Krekep….kodhoke kekurungan bathok bolu. Kodhok ora ngerti sangkang paran, anane mung keprungu swara…..krekrep. bareng wis temata atine, dheweke arep lumaku, jebul kok wis tekan wates. Dadi dheweke wis ora bias maju maneh. Batine kodhok muni mangkene :
“Kok aneh timen. Apa saiki wis kentekan lan dikeparengake panyuwunku dening Kanjeng Nabi Sulaiman?”
Marga dheweke awan bengi lagi nyenyuwun marang Kanjeng Nabi Sulaiman muga diparengake dadi kewan kang gedhe sajagad. Supaya ora ana kang bias nandhingi. Gegandhengan karo panyuwune mau, mula bareng ana kahanan kang kaya mangkono, dheweke banjur ngunandika, rumangsa keturutan apa kang dadi panyuwune. Bareng udakara wis jam 07.00 esuk, srengengene wis semorot, sorote ana kang melbu jero bathok. Bathok bolu ana bolongane kang bunder. Kodhok kaget, srengengene kok cedhak banget karo aku, ngono rumangsane. Bareng wis ditamatake kahanan sakiwa tengene, kodhok mantep, atine rumangsa yen kelakon panjangkae. Buktine, srengengene saiki cedhak banget, iku amarga saka ndhuwure kodhok. Kiwa tengene kang jane wujud suket, dikira desa-desa kang kabeh wis kalah ndhuwur karo dheweke. Mula bareng kodhok weruh ana mrutu-mrutu kang padha ana ing suketan katon cilik-cilik, dheweke mendeliki karo ngomong :
“Ayo…. Kabeh padha nyembah!” kandhane kodhok.
“Inggih kodhok.” Semaure mrutu bareng.
“Hus…. kurang ajar!” inggih gusti ngono! Rumangsamu aku iki sapa? Mengko tak idak…. Pendeng temenan.”
”Inggih gusti!” ature mrutu bareng.
“Lha… rak ngono. Kudune ngerti tata karma. Yen arep kandha iku disawang disik, arep kandha karo sapa!”
Lagi padha gayeng-gayenge anggone padha rembugan, ana wedhus kang diumbar mangan suket ana ing rattan. Sikile nyandhung bathok bolu. Bathoke mlumah. Byar… padhang jagade. Kodhoke ketok, karo lingak-linguk sajan gumun dhewe, dheweke kandha :
“He… dene kok ana wedhus kang awake gedhe ngungkuli awakku. Aja glelang-gleleng Dhus. Aku bakal bisa ngungkuli awakmu gedhene!”
Wedhus krungu kandhane kodhok malah banjur ngguyu :
“Heh…heh….heh, Kowe iku ngimpi apa ta dhok?
Ora bakal ana kodhok kok gedene ngungkuli wedhus.”
Kodhok saya serik atine, marga disepelekake. Mula unine banjur saya seru lan sora :
“Dhus! Ambakna matamu! Korokana gobongmu! Aku iki wis dikeparingake dadi kewan kang gedhe dhewe sajagad. Yen ora ngandel , lekna matamu sing amba!”
“Wis… Priye? Gedhe endi?”
Wedhus semaur :
“Durung paja-paja Dhok!”
Kodhok saya serik atine. Dheweke saya seru aggone mlenthusake wetenge. Umpama bal mono, yen ditabuh mesti muni thing….thing…”dhooor”. Wedhus kaget krungu swara pambledhosing barang kang durung cetha. Bareng dimatakake jebul kodhok mau wetenge pecah lan ….mati.
Kodhok mati saka pokale dhewe. Mati saka tumundhake dhewe kang kasurung sipat kang kumlungkung. Kodhok kok gedhene arep madhani gedhene wedhus, ora bakal kelakon. Bapa biyunge kodhok sing mati mau, bareng krungu kabar matine anake, atine susah banget. Ora tau gelem mangan, awake saya kuru, mung marga nggrantes atine nggagas anake sing wis mati mau.
Bareng ana udan gedhe, ngendi-ngendi banyune agung. Kodhok lanang-wadon kang kelangan anak mau tansah muni : “ko…dhok ko-dhok. Dhok….dhok. mula nganti tekan saiki kewan kang kaya ngono dijenengi KODHOK.
·      Amanat : Aja nganthi ndhuweni sipat kaya kodhok , sifat sing kumlungkung ngerasa paling bagus dhewe, paling pinter dhewe, paling apik dhewe, lan ora ngajeni marang sapadan-padan. Nang bapa lan biyunge panjaluke apa wae dituruti, kodhok mau dadi sombong. Dadi bocah aja ngersa paling bagus utawa ayu, paling pinter, lan paling apik dhewe. Sipat kasebut uga ora apik, bias nyilakakake awake dhewe. Dadi bocah yo kudu ngajeni marang sapadan-padan lan uga ora salah ngartekake menawa nyuwun panjaluk menyang bapa lan biyung dituruti aja ngasi dhuweni sipat sombong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar