Minggu, 27 Mei 2012

Basa Jawa Pidhato Perpisahan


PIDHATO
PERPISAHAN KELAS IX


Assalamu’alaikum wr.wb
Ibu kepala sekolah SMP N 2 Karanganyar ingkang dhahat kinurmatan,
Bapak-ibu guru SMP N 2 Karanganyar ingkang satuhu kula bekteni,
Kanca-kanca saha adhik-adhik kelas 7 lan 8 ingkang kula tresnani.
            Mangga kita aturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan lan kasarasan dhumateng kita sedhaya. Sahingga ing wekdal menika saged makempal wonten ing aula SMP N 2 Karanganayr, kanthi adi cara perpisahan kelas IX.
Kula minangka wakil saking kelas IX badhe matur wonten ing ngarsanipun bapak-ibu sedhaya. Kapisan, kula badhe ngaturaken pangapunten dhumateng bapak-ibu guru menawi kula lan kanca-kanca gadhah kalepatan ingkang tumandut wonten ing ngarsanipun bapak-ibu guru. Ingkang kapindho, kula ngaturaken panuwun dhumateng bapak-ibu guru ingkang sampun paringi pangguluwentah ingkang migunani kagem kula lan kanca-kanca. Lajeng, kula lan kanca-kanca nyuwun pamit saking SMP N 2 Karanganyar saha kula nyuwun pangestunipun mugi-mugi kita saged awujudaken gegayuhan kita. Ingkang kaping tiga, kagem adhik-adhik kelas 7 lan 8 kula pesen supadhos anggenipun sinau ingkang sregep lan tansah manut dhumateng bapak-ibu guru.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar