Jumat, 25 Mei 2012

Basa Jawa Pawarta lan Paragraf Eksposisi


PAWARTA
Þ      Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.
Þ      Wujud pawarta :
1.  Lesan                    
Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas.
2.  Tulisan     
Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti. Lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.
Þ          Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta kang kagiyarake  maneka warna, mula saka iku pamigati pawarta becike nlesih kanthi patitis marang pawarta iku mau. Ora sethithik kabar kang luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan benere. Uga akeh kabar kang isine milut kawigaten (promosi). Kosok baline ora sethithik uga pawarta wigati kang bias katemokake ing medhia massa. Dadi, pamigati kudu prigel milih lan milah pawarta kang diperlokake.
Þ       Pawarta Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku :
1. Aktualitas
2. Sesambungan karo papan kedadean
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean
4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa
5. Ganepe Pawarta.
Þ      Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
1.  Mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
2.  Mbedakake informasi kang penting lan ora penting
3.  Nyathet informasi sing bener lan premathi
Þ      Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane. Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:
1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun  kanthi apik.
2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha
3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami
4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan)
Þ      Maca saking pawarta Televisi.
            Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Þ      Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1.  Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2.  Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3.  Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4.  pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
5.  sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres

Þ      Tuladha Pawarta Televisi
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Kapethik saka JOGJA TV





3 komentar: